Jumat, 07 Oktober 2022

YPI AL MUKHLISIN WONOGIRI



Kanjeng Nabi dawuh


 

Pahala bagi orang yang menunjukan kebaikan


 

Gusti Alloh tresno marang wong kang Tobat


 

Takwa


 

Kamis, 06 Oktober 2022

KHUTBAH JUMAT - Ciri ciri Tiyang TAQWA

 Ciri ciri Tiyang TAQWA 

Ditulis oleh :

Moh.Saebunasir, S.Pd.I

Staf Ahli Bid.Pendidikan dan Sosial Budaya

YPI Al Mukhlisin Wonogiri 


KHUTBAH  I

إِنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

فَإنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ. أَمَّا بَعْد

    Sumonggo kito sami tansah ningkataken soho nambahi syukur dumateng Allah subhanahu wata’ala ingkang sampun maringi kita manah kang entheng sahingga saget ngijabahi dhawuhipun Alloh inggih punika sholat Jumat kanthi berjamaah mertandani bilih kita meniko kawulone Allah kang iman lan taqwa.

  Shalawat lan salam katunjuk katur dumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun, para sahabat, ugi para penderekipun dumugi dinten kiamat. Amin.

     Monggo kita sedoyo tansah ningkataken iman lan taqwa dumateng Allah, inggih punika kanthi nindakaken dhawuh-dhawuhipun lan nilar soho nebihi sedoyo awisanipun. Kanthi mekaten, kito insyaallah badhe pikantuk kabegjan wiwit dunya dumugining akherat samangke. Amin.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah

     Wonten ing kitab suci Al Quran sampun dipun terangaken ciri-cirinipun tiyang-tiyang ingkang Taqwa, ateges menawi kito saget anggadahi sifat-sifat kasebat, kito kalebet golongan tiyang ikang taqwa utawi Muttaqin.

Kasebat wonten ing Al Alquran Surat Ali Imron ayat 16-17, mekaten ugelipun :

اَلَّذِيۡنَ يَقُوۡلُوۡنَ رَبَّنَاۤ اِنَّنَاۤ اٰمَنَّا فَاغۡفِرۡ لَنَا ذُنُوۡبَنَا وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ​ۚ‏ ١٦

اَلصّٰــبِرِيۡنَ وَالصّٰدِقِــيۡنَ وَالۡقٰنِتِــيۡنَ وَالۡمُنۡفِقِيۡنَ وَالۡمُسۡتَغۡفِرِيۡنَ بِالۡاَسۡحَارِ‏ ١٧

      artosipun : " yoiku wong-wong kang podo ngucap, duh gusti Alloh kulo saestunipun meniko iman dateng panjenengan, pramilo kulo aturi panjenengan maringi pangapunten dateng dosa-dosa kulo, lan kulo aturi anjagi dateng kulo saking sikso neroko (16) Wong-wong mau podo dhuweni kesabaran lan podo temen, lan podo tunduk, lan podo mblanjaaken bandane, lan podo moco istighfar ono ing waktu sahur (17)

 Saking ayat meniko saget dipun perinci, bilih sifat-sifat utawi cirinipun tiyang Muttaqin inggih puniko :

Nomer setunggal - اَلَّذِيۡنَ يَقُوۡلُوۡنَ رَبَّنَاۤ اِنَّنَاۤ اٰمَنَّا 

  - Tiyang ingkang wantun ngucapaken aku iman marang Alloh wonten ing ngajenganipun sinten kemawon, lan ing situasi kados pundi kemawon. Tegesipun imanipun kito kiyat, senaoso gunung meniko goncang, angin nggebes mbhoten bade guncang sekedik-sekedikko, ngantos dumugining pejah imanipun tetep mantep, ngantos dumugining titimongsone ngadep, sowan wonten ing ngersane Alloh SWT. Imanipun meniko tetep mantep dhohir lan bathinipun sami. lisanipun ngucapaken iman, manahipun ugi iman dateng Alloh.

Sifat ingkang nomer kalih - فَاغۡفِرۡ لَنَا ذُنُوۡبَنَا

   - Inggih meniko tansah nyuwun pangapunten, taubat dateng Alloh, naliko piyambakipun nindaaken satunggaling kesalahan utawi duso, istilahipun sportif, mbhoten isin ngakoni kesalahanipun, lan taubat dateng Alloh kelawan taubat ingkang saestu-estu, ugi niat ing manah mbhoten bade ngelampahi kesalahan malih, kesalahan kolo wau dipun tutup, dipun susuli kalian amalan-amalan ingkah sae, sholeh, ingkang dipun ridhoi deneng Alloh SWT.

 Sifat ingkang nomer tigo  - وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

   - Piyambake sanget ajrih dateng siksanipun Alloh kalih ajrih ingkang saestu-estu. awit saking meniko piyambake mbhoten gampil nindaaken tumindak ingkang mbhoten sae, ingkang dipun dados awisipun agami mbhoten nindaaken, mbhoten purun nedo barang-barang ingkang haram, sedoyo anggota badanipun dipun jagi ampun ngantos dipun ginaaken dateng hal-hal ingkang dipun larang deneng Alloh SWT. Paningalipun dipun ginaaken kangge ningali barang-barang ingkang halal, kangge ningali kekuasaanipun Alloh wonten ing alam dunyo meniko, lisanipun kangge wicantenan ingkang sae, ingkang mbeto manfaat kangge pribadinipun lan kangge sedoyo umat. Sedoyo puniko dipun lampahi keranten piyambakipun ajrih dateng siksanipun Alloh SWT benjang wonten ing alam kelanggengan, inggih meniko alam akhirat.

 Sifat ingkang nomer sekawan  -  اَلصّٰــبِرِيۡنَ

     - Inggih meniko anggadahi kesabaran teguh nindaaken dawuh-dawuhe agami, cecepangan dateng hukumipun Alloh, mbhoten wantun ngaramaken menopo ingkang sampun dipun halalaken deneng Alloh, lan mbhoten wantun ngalaleken menopo ingkang sampun dipun haramaken deneng Alloh. Piyambake ugi sabar lan tawakal dateng Alloh menawi piyambake dipun uji, utawi manggihi cobaan berat. Sedoyo cobaaan lan ujian kolo waudipun adepi kalian sifat sabar lan tawakal dateng Alloh, keranten Alloh lah ingkang sanggup ngicalaken sedoyo ujian lan cobaan kolo wau.

 Sifat ingkang nomer gangsal -    الصّٰدِقِــيۡنَ

     - Inggih meniko leres wonten ing pangucapanipun, lurus wonten ing tindakan lelampahipun, berjuang kangge keleresan. Dados sedoyo perjuanganipun meniko kangge tujuan keleresan, lan kangge tujuan syiar agami Islam.

 Sifat ingkang nomer enem -    الۡقٰنِتِــيۡنَ

     - Inggih meniko taat nindakaken agami. Tunduk seratus perses, totalitas dateng ketentuan-ketentuan lan norma-norma agami. Menawi keleresan dados pemimpin, inggih dados pemimpin ingkang taat, bertanggung jawab lan merhatosaken dateng kebetahipun rakyat, mbhoten mentingake kebetahipun pribadi selagi rakyat teksih mbhetahaken. Menawi dados pedagang, inggih dados pedagang ingkang jujur. Menawi dados pekerja utawi buruh, inggih dados buruh ingkang tanggung jawab kalih tugas pekerjaanipun, semangat profesional. Mekaten sak piturutipun.

 Sifat ingkang nomer pitu -   الۡمُنۡفِقِيۡنَ

     - Inggih meniko  selalu nginfakaken sebagian bondonipun dateng kepentingan agami, dateng kemaslahating umat, sami ugi arupi sodaqoh utawi zakat lan sanes sanesipun. Piyambake loman anggenipun anggadahi rezeki ingkang katah. Karanten piyambake sadar bilih sedoyo ingkang dipun miliki meniko sejatosipun peparinganipun Alloh, ingkang dipun amanataken utawi titipken dateng kulo lan panjenengan sedoyo.

Sifat ingkang nomer wolu -  الۡمُسۡتَغۡفِرِيۡنَ بِالۡاَسۡحَارِ   

     - Tansah nindaaken sholat dalu, ngatah ngatahaken dungo lan istighfar ing wekdal sahur. Wekdal sahur meniko wekdal ingkang bening hening lan kelebet saat-saat ingkang mustajab. Sinten kemawon wonten ing wekdal meniko senantiasa sholat lan nyuwun dumateng Alloh, in sha Alloh sedoyo panyuwunipun bade dipun kabulaken.

Kaum Muslimin ingkang kawulo hormati !

    Namung meniko ingkang saget kulo aturaken wonten ing kesempatan meniko, ngingini bab sifat utawi ciri cirinipun poro Muttaqin. inggih meniko tiyang-tiyang ingkang angsal suwarganipun Alloh SWT. Mugi mugi Alloh paring pitedah dateng kito sedoyo ing margi ingkang lurus lan leres, lan mugi-mugi kito kalebet tiyang ingkang Muttaqin, ingkang kaparingan bejo. Allohumma Aamiin.

أعوذ بالله من الشيطن الرجيم، بسم الله الرحمن الرحيم، وَالْعَصْرِ, إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ , إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ


بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 

Khutbah II:


​​​​​​​اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا  


أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا


اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ  


اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.


عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 

Rabu, 28 September 2022

YPI AL Mukhlisin Wonogiri

 


"Tidaklah suatu kegalauan, kesedihan, kebimbangan, kekalutan yang menimpa seorang mukmin atau bahkan tertusuk duri sekalipun, melainkan karenanya Allah akan menggugurkan dosa-dosanya."(HR Bukhari dan Muslim)